Selasa, 18 September 2012

ilmu karatoning wali pitu 01

14:IKI MARANG KAWRUH PANGAGEMAN
badaningsun sir,nyawaningsun cipta,napasingsun rasa,iya ingsun kang jumeneng
hidayatul'llah,jenengingsun asmaning dzat,sifatingsun amaru'llah,nur rahmatu'llah
iya ingsun azal kodratu'llah,kang suci tetep ing bumi suci,manik-maya putih,
manik-maya suci,manik-maya langgeng,allah uripingsun,ahmad nyawaningsun,
rasulu'llah rasaningsun,iya badan iya nyawa,iya allah iya ahmad iya rasulu'llahu'alaihi
wassalam.

15:IQI MARANG PANGAGEMAN KALUHURAN
gulung gumulung aku kang anggulung,winenang aku murba misesa sakatahing
rasa ratu pandita,sabumi rat,mendeg preg ing ngarepku,la ilaha ila'llahu,urip ing dewkira.

16:UGA PANGAGEMAN KALUHURAN
rasa rasul rasaning allah,winenang aku anunggalaken sakatahing ras ratu pandita
sabumi rat,wenang asrah dunya asrah kagungan,winenang aku agawe surga neraka,
winenang aku amurba misesa,sakatahing rasa ratu pandita,sabumi rat, mendeg preg ing ngarepku
la ilaha ila'llahu,urip ing dewekira.

17:PANGEDEPAN SAWARNANING LELEMBUT
allahumma bahung kulon,malaekat satos punjul papat,kang rumekso ing awakku
ing anakku ing rakyatku kabeh,allahumma bahung wetan,malaekat satus punjul
papat,kang rumekso ing awakku ing anakku ing rakyatku kabeh,allahumma bahung kidul
malaekat satus punjul papat,kang rumekso ing awakku ing anakku ing rakyatku
kabeh,allahumma bahung lor,malaekat satus punjul papat,kang rumekso ing awakku ing anakku ing rakyatku
kabeh,allahumma bahung ngisor,malaekat satus punjul papat,kang rumekso ing awakku ing anakku ing rakyatku kabeh,allahumma bahung duwur malaekat satus punjul papat,kang rumekso ing awakku,lan mayungi ing awakku ing anakku ing rakyatku kabeh,la ilaha ila'llah muhammad rasulu'llah salla'llah salla'llahu alaihi wassalam.****
kasebut ing duwur mau pangedepane sawarnaning lelembut menawa ngapalake ora kena cedek bocak cilik.

18k
:ATASE SYARIAT LAN LAKUNE WONG SYARIAT
atase syariat:
syari'at badan,.syariat lungguhe tutuk,rupane kaya kencana,cahyane kaya kilat,imane hidayatu'llah.
anapun lakune wong syari'at iku,.turune gemuling,tangine lungguh,.wulune banyu,.batale yen ngentut,.salate maktubah,.lakune sujud rukuk,.sampurnane patang prakara,suka kapenak ujud kibir,.kapenake luput tundan saradan,ujud dene tatas pengajine,.kibire dene wis nglakone limang waktu,.nora mantra mantra yen kalebuwa ing neraka,.pesti ing swarga kang den arep-arep,.mulane kibire dene wis anglakoni pangandikaning allah ta'ala.

19:ATASE TAREKAT LAN LAKUNE WONG TAREKAT
tarekat ati,tarekat lungguhe irung,rupane kaya paesan,cahyane kaya damar,imane saderah,nurbuwat cahyane.
anpun lakune wong tarekat iku turune lungguh,tangine angadeg,wulune temen,batale yen goroh,salate dai'im,
lakune andap sarta asor,sampurnane patbelas prakar,1:lara den kurangi panganane,2:musakat acegah turu kalawan leke,3:panas bektine pepe,4:adem bektine anaritis,5:reged bektine ambolot,6:wedi bektine ana satengahing alas,7:peteng bektine ana sakjroning kuwa 8:suker majenunan tegese angimbal jata,9:wirang bektine ana satengahing pasar,10: isin bektine andelil ana satengahing latar,11:anglenggano weweh nora kira kira,12:analangsa pangucape,13:saburi burine babo ora angrasa weweh,sadurunge apa dewekira dewe.

20:ATASE HAKEKAT LAN LAKUNE WONG HAKEKAT

hakekat nyawa hakekat lungguhe kuping rupane kaya sesotya, cahyane kaya sagara,imane maksum erohe roh kadim.
anapun lakune wong hakekat iku turune angadeg,tangine lumaku,wulune eling,batale yen lali salate tulkusta,
lakune ora angegungaken,sampurnane limang prakara,1 mardika ing badane,2 bresih ing kalbune,3 suci ing atine,4 mulya ing jenenge,5 sempurna tingale.

ATASE MA'RIFAT LAN LAKUNE WONG MA'RIFAT

ma'rifat rasa, ma'rifat lungguhe mata,rupane kaya wulan,cahyane kaya srengenge,iman yakin,rohe roh makbul
anpun lakune wong ma'rifat iku,turune lumaku,tangine lumayu,wulune ora ninggali,batale yen ninggali salate
 tulkaji,lakune tasdik,sampurnane sangang prakara,1 ilang kalbune,2suwung sukmane,3lungguhe ingkang agung,4 ora ana sembah pujine,5 punika iya pada iya keri,6 iya punika nyata pada nyata keri,7 nyata lembut tan kena jinumput,8 marojoi ing karep,9 punjul ing apapak tandane manjing tan abolong.

syahadat syariat
niyat ingsun angucapaken kalimah sahadat sapisan kanggo saumur prelu karena allah.

syahadat tarekat
niyat ingsun angucapaken syahadat panglewangan pati,miyos baginda rasul saking tutuk,
tutuk kang panglewangan pati,panyiptane pati,panyiptaning urip,urip tan amati,langgeng tan kena ing owah.

 syahadat hakekat
ashadu ananira ananingsun,allahu sifatningsun,sallahu pangeran ningsun,atuduh marga padang,urip tan kenaning pati,eling tan kenaning lali,mekrat tan kenaning rusak,dzat ilang mulih,maring dzatu'llah
lailaha il'llah muhammad rasulu'llah.

BANGSA PANGERAN LAN BANGSA KAWULA
anapun ingkang bangsa allah iku papat sir,budi,cipta,rasa.
anapun bangsa pangeran iku papat pangucap,pangambu,pangrungu,paningal.
anapun kang bangsa muhammad iku papat,wujud,ilmu,nur, suhud.
anapun bangsa rasul iku papat,napas,tanapas,anpas,nupus.
anapun bangsa adam iku papat,1 adam sarpin,tegese roh kudus,2 adamsaraf,tegese roh rabbani,
3adam mungkin,tegese roh idlafi,4 adam akal,tegese roh rochani.
anapun bangsa kawulo iku papat,wadi,madi,mani,manikem,
tegese wadi iku,dadi awake netra dadi lebur arane,tegese madi iku,dadi putihe netra,dadi daging banyu arane,tegese mani dadi karek irenge netra,dadi getih angin arane,tegese manikem iku,dadi pangucap,dadi cahyane netra dadi balung geni arane.

BAKALE MANUSA
ana dene bakale manusa iku papat,wadi,madi,mani,manikem,wadi iku putihe mata,madi iku irenge mata,mani iku undereng mata,manikem iku anak ing netra,sakjroning manikem johar awal,sajroning johar latakyun,sajroning latakyun rasa,ora ana kang werruh liyane gusti allah.

BASA ARANING MANUSA
1 MA-minne iku muhammad
2 NU-nunne iku nukat gaib
3 WA-wawune iku adam
4 SA-sa ne iku rasul

kanggenahake maneh kaya kang ngisor iki

1 utawi allh punika urip
2 utawi muhammad iku roh
3 utawi rasul iku napas
4 utawi adam iku jisim

PUJINE BANGSANING NAFSU PATANG PRAKARA
1 luwamah,iku af'aling urip rupane ireng,plawangane cangkem,dununge ing waduk,pujine ja-hu ja-hu
iku sampurnaning cipta lan ripta.
2 amarah-iku asmaning urip rupane kuning,plawangane ing kuping,dununge ing jantung,pujine ilahu
ilahu,iku sampurnaning sir lan angen angen
3 supiyah-iku sifating urip,rupane ijo,plawangane ing irung,dununge ing amperu,pujine imanahu imanahu,
iku sampurnaning osik lan meneng.
mutmainah-iku dzating urip,rupane putih,plawangane ing mata,dununge ing pepusuh,pujine hu hu hu
,iku sampurnaning budi lan rasa.

BERSAMBUNG